Ing basa Jawa, sekar/tembang iku dibagi
dadi:
-
Sekar ageng
-
Sekar tengahan
-
Sekar macapat
-
Sekar dolanan
Tembang Macapat yaiku
tembang kang kaiket nganggo wewaton :
a. Guru lagu : tibaning swara ing pungkasane gatra ( huruf vokal
)
b. Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra ( suku kata )
c. Guru gatra : cacahing gatra saben sapada utawa satembang
( jumlah baris )
1. Maskumambang : 12i, 6a, 8i, 8a = 4 gatra
Tuladha
: Anakku ngger kabeh padha ngati-ati
Jamane wis tuwa
Aja kendhat sing prihatin
Ngabdi bekti kang kuwasa
2. Mijil : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u = 6 gatra
Tuladha
: Saranane murid bisa wasis
Kudu tansah tlatos
Amarsudi piwulang gurune
Sregep mlebu tebih rasa isin
Takon yen tan ngerti
Samubarang kawruh
3. Sinom : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a = 9 gatra
Tuladha
: Warna-warna kapitayan
Kang tumanduk ing nagari
Kasebut ing paugeran
Empat lima kang wus mesthi
Pancasila tan kari
Janji luhur pandomipun
Iku dadya pranatan
Ora kena den singkiri
Yen
mituhu bisa urip karaharjan.
4. Kinanthi : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i = 6 gatra
Tuladha
: Dhasare wong yen ngelamun
Ora
ngrewes kanan kering
Katungkul
nuruti rasa
Lelakon
kang wus kawuri
Digagas
saya gumawang
Dadi
njarem jroning ati
5. Asmaradhana : 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a = 7 gatra
Tuladha
: Gegarane wong akrami
Dudu
bandha dudu rupa
Amung
ati pawitane
Luput
pisan kena pisan
Yen
gampang luwih gampang
Yen
angel angel kalangkung
Tan
kena tinumbas arta.
6. Gambuh : 7u, 10u,
12i, 8u, 8o = 5 gatra
Tuladha: Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
7. Dhandhanggula : 10i,10a, 8e,7u, 9i,7a, 6u, 8a, 12i,7a = 10
gatra
Tuladha
: Rukun islam kang lima puniki
Katindhakna
mring para sesama
Aja
pada ditinggalke
Rukun
lima puniku
Sahadate kang angka siji
Kang angka loro sholat
Dene kang katelu
Romadhan nindakna pasa
Kapat zakat ping lima ibadah haji
Rukun islam sampurna
8. Durma : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i = 7 gatra
Tuladha
: Dipun sami caketing tepa salira
Tegese
mawas dhiri
Yen
sira tan suka
Jiniwit
ing wong liya
Aja
seneng amiwiti
Iku
wus timbang
Ngurmatana
sesame
9. Pangkur : 8a, 11i,
8u, 7a, 12u, 8a, 8i = 7 gatra
Tuladha
: Sumawur kang taranggana
Mung
sawiji tumanem jroning ati
Sumunar
teja kadulu
Kang
lintang panjer rina
Sung
pratandha wates kikisaning dalu
Wancine
wus gagat enjang
Mbabar
pepadhanging bumi
10. Megatruh : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o = 5 gatra
Tuladha : Bocah sekolah kudu padha gumregut
Dadi siswa sing taberi
Ora pisah karo buku
Duwe watak kang nastiti
Kabeh sedyane kelakon
11. Pocung : 12u, 6a, 8i, 12a = 4 gatra
Tuladha : Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Istilah basa jawa ing tembang macapat :
a. Gatra : baris
b. Pada : bait
c. Pupuh : beberapa bait
Tidak ada komentar:
Posting Komentar