26 Juni 2012

Paramasastra Tembung Lingga – Tembung Andahan


Tembung Lingga : tembung kang durung owah saka asale.
( kata dasar )
Tuladha :   -     tuku                       -     jupuk
-          lunga                      -     gawe
-          tandur                    -     tulis
                       Lan liya-liyane

Tembung Andahan : tembung sing wis owah saka asale ( linggane ). Owahe bisa amarga oleh ater- ater, seselan, panambang, lsp.

1.    Ater-ater (awalan), ana 3 yaiku:
a.    Ater-ater anuswara, wujude :
1.    An, tuladha : anulis ( dadi nulis ), anandur ( dadi tandur )
2.    Am, tuladha : ambalang ( dadi mbalang ), ambayar ( dadi mbayar )
3.    Any, tuladha : anyapu ( dadi nyapu ), anyegat ( dadi nyegat )
4.    Ang, tuladha : anggawa ( dadi nggawa ), angidul ( dadi ngidul )
b.    Ater-ater tripurusa, wujude :
1)    Dak, tuladha : dakgawa, daksilih ( sing nindakake gawean = aku )
2)    Ko, tuladha : kogawa, kosilih ( sing nindakake gawean = kowe )
3)    Di, tuladha : digawa, disilih ( sing nindakake gawean = wong liya )
c.     Ater-ater liyane, wujude : pang, pany, tar, ka, …. lsp.
     Tuladha : pangendhang, tarkadhang, panyandra, kagawa, lsp.
2.    Seselan : tambahan sing ana saktengahing tembung, wujude :
a.    in, tuladha : tinulis, sinebar, winaca, tinuku, ginawa
b.    el, tuladha : gelebyar, krelelip
c.     er, tuladha : ceruwil
d.    um, tuladha : sumugih, gumuyu, tumandang

3.    Panambang: tambahan ing sakmburine tembung,  wujude :
a.    An, tuladha : kobongan, gawan, paron
b.    I, tuladha : kandhani, ombeni,nesoni
c.     Ake, tuladha : tulisake, tukokake, balekake
d.    A, na,ana, en, tuladha : jupuka, jupukna, jupukana, jupuken
e.    Ku, mu, e, tuladha : omahku, omahmu, omahe
f.     Ne, ing, tuladha : dijalukne, araning

4.     Tembung Rangkep
a.    Tembung dwilingga
1)      Dwilingga padha swara, tuladha: mlaku-mlaku, bapak-bapak
2)      Dwilingga salin swara, tuladha : bola-bali, wira-wiri
3)      Dwilingga semu, tuladha : ondhe-ondhe, undur-undur, andheng-andheng
b.    Tembung dwipurwa
Tuladha : lelara, tetuku, geguyu
c.     Tembung dwiwasana
Tuladha : nyuwewek, mbesisik, cuwowo

5.    Tembung Camboran
a.    Camboran wutuh
-      Tembung 2 ngarep mburi padha tegese ( mbangetake ). Tuladha : akal budi, ewuh pekewuh,  edi peni, lara lapa
-      Tembung 2 ngarep mburi kosok balen. Tuladha : lanang wadon, enom tuwo, gedhe dhuwur
-   Tembung 2 ngarep mburi tegese lan/karo. Tuladha : dewa-dewi, putra-putri, pemudha-    pemudhi
-       Tembung 2 sing mburi nerangke sing ngarep. Tuladha : wayang kulit, montor mabur, meja tulis, watu item
-       Tembung 2 sing ngarep nerangke sing mburi. Tuladha : pancasila, dwiwarna
b.    Camboran Wancah ( tugel ): 2 tembung digandeng dadi siji. Tuladha : lunglit ( balung kulit ),  thukmis ( bathuk klimis )
Tembung Camboran miturut tegese ana 2 yaiku :
a.    Camboran wudhar : ora duwe teges anyar
Tuladha : meja kursi, lemari es
b.    Camboran tunggal : duwe teges anyar
Tuladha : semar mendhem, tong seng

Tidak ada komentar:

Posting Komentar